Oleh: Agus Bactiar K, S.Pd (Guru SMP Negeri 3 Toboali) Selasa, 10 November 2026 07:36 WIB
![]() |
| Ilustrasi Dolanan Geni (Sumber:MetaAi) |
Den, apa awakmu durung tau ngrasakake?
Ambegan sesek mingsek-mingsek,
Merga kebul kandel
seprana-seprene!
Wis akeh manungsa, tanduran lan kewan dadi korban,
Jalaran laku sing ora peritungan.
Yen awakmu nyata manungsa, mestine bisa ngrasa.
Umpama rika lumrah, mestine ora culika lan waton serakah.
Saiki kowe manggon ing omah sing wah,
Nganggo mesin penyaring hawa sing larang mayuta-yuta.
Lha, tanggamu sing kere piye?
Rakyatmu sing ora duwe omah kudu kepiye?
Apa kudu ngenteni lara?
Apa kudu mati alon-alon?
Tulung, mbok menawa isih ana uborampe kanggo mikir,
Uripna pikiranmu iku!
Sirahmu dudu hiasan,
Mung kanggo wangun-wangun,
Nanging suwung kaya cumplung turahan bajing.
Ndang sadar, Den!
Ora usah ngenteni kabeh wong mati.
Sapa ngerti kowe mbesuk kere,
Ngrasakke lara susah lan luwe
Toboali 20 Oktober 2026
Sang Peramu Aksara (Agus Bachtiar K)
Terimakasih sudah memberikan masukan dan saran
EmoticonEmoticon